Ancient Script : Serat Jayabaya

Saya penasaran dengan serat ini, tulisan yang telah ada sejak ratusan tahun silam. . .
Yang sekarang hampir semua isi di dalamnya telah terbukti. . .
Dikisahkan dalam ''Serat Jayabaya Musarar'', pada suatu hari Jayabaya berguru pada seorang ulama bernama '''Maolana Ngali Samsujen'''. Dari ulama tersebut, Jayabaya mendapat gambaran tentang keadaan Pulau Jawa sejak zaman diisi oleh Aji Saka sampai mendekati hari akhir
Dari nama guru Jayabaya di atas dapat diketahui kalau naskah serat tersebut ditulis pada zaman berkembangnya Islam di Pulau Jawa. Tidak diketahui dengan pasti siapa penulis ramalan-ramalan Jayabaya. Sudah menjadi kebiasaan masyarakat saat itu untuk mematuhi ucapan tokoh besar. Maka, si penulis naskah pun mengatakan kalau ramalannya adalah ucapan langsung Prabu Jayabaya, seorang raja besar dari Kadiri.
Well then, saya nggak terlalu respect dengan ramalan semacam ini. Yang jelas ini hanya sebagai renungan kita saja, bahwa kejadian2 yang terjadi di dunia ini sudah tidak semestinya.

Serat ini ditulis dalam bahasa jawa kuno.
Yang ada di bawah ini sudah diterjemahkan dalam bahasa jawa biasa yang kami pakai sekarang.
Saya coba terjemahkan serat ini ke dalam bahasa indonesia yang saya mengerti. . .

Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran. (Suatu saat ketika sudah ada Kereta tanpa kuda)
Tanah Jawa kalungan wesi. (Tanah jawa berkalung besi >> rel kereta api)

Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang. (Prahu berjalan di angkasa)
Kali ilang kedhunge. (Sungai hilang hulunya)
Pasar ilang kumandhang. (Pasar ilang keramaiannya)
Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak. (Itu tanda Jaman Jayabaya sudah dekat)
Bumi saya suwe saya mengkeret. (Bumi semakin menyusut >> yang ngehuni juga makin banyak)
Sekilan bumi dipajeki. (Satu jengkal dipajaki)
Jaran doyan mangan sambel. (Kuda doyan makan sambal >> zzz, ini agak random)
Wong wadon nganggo pakeyan lanang. (cewe makai pakaian cowo)
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman. (Itu tanda bahwa kita sudah sampai pada jaman yang sudah terbolak balik)
Akeh janji ora ditetepi. (banyak janji tidak dipenuhi)
Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe. (banyak orang melanggar sumpah sendiri)
Manungsa padha seneng nyalah. (manusia saling menyalahkan)
Ora ngendahake hukum Allah.(mengabaikan hukum Allah)
Barang jahat diangkat-angkat.
Barang suci dibenci.
Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit. (manusia mengutamakan uang)
Lali kamanungsan. (lupa akan kemanusiaan)
Lali kabecikan. (lupa akan kebaikan)
Lali sanak lali kadang. (lupa sanak saudara)
Akeh bapa lali anak. (banyak bapak yang melupakan anaknya)
Akeh anak wani nglawan ibu nantang bapak. (banyak anak yang melawan ibunya, menantang bapaknya)
Sedulur padha cidra.(saudara saling menyakiti)
Kulawarga padha curiga. (keluarga saling mencurigai)
Kanca dadi mungsuh. (teman jadi musuh)
Akeh manungsa lali asale. (banyak manusia yang lupa asal usulnya)
Ukuman Ratu ora adil. (hukuman pemimpin :atasan: yang tidak adil)
Akeh pangkat sing jahat lan ganjil. (banyak kedudukan yang jahat dan ganjil)
Akeh kelakuan sing ganjil. (banyak kelakuan yang aneh)
Wong apik-apik padha kapencil. (orang baik-baik dikucilkan)
Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin. (orang yang pekerjaannya baik :halal: melah merasa malu)
Luwih utama ngapusi, wegah nyambut gawe. (lebih utama menipu, malas bekerja)
Kepingin urip mewah. (ingin hidup mewah)
Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka. (mengumbar nafsu duniawi)
Wong bener thenger-thenger wong salah bungah.. (orang yang benar disalah2kan :mencari kambing hitam:)
Wong apik ditampik-tampik wong jahat munggah pangkat. (orang baik disia-siakan, orang jahat naik pangkat)
Wong agung kasinggung Wong ala kapuja. (orang yang mulia dihina, orang jahat dipuja)
Wong wadon ilang kawirangane wong lanang ilang kaprawirane. (pperempuan dan laki-laki lupa akan kodratnya)
Akeh wong lanang ora duwe bojo. (banyak laki-laki tak beristri)
Akeh wong wadon ora setya marang bojone. (banyak perempuan yang tidak setia pada suami)
Akeh ibu padha ngedol anake. (banyak ibu menjual anak kandungnya sendiri)
Akeh wong wadon ngedol awake. (banyak wanita menjual diri)
Akeh wong ijol bebojo. (banyak yang bertukar istri/suami)
Akeh wong ngaku-aku, njabane putih njerone dhadhu. (banyak orang mengaku2, di luar putih di dalam gelap :obral janji tanpa bukti:)
Ngakune suci, nanging sucine palsu. (mengaku suci, tetapi palsu)
Akeh bujuk akeh lojo, akeh udan salah mangsa. (----nggak tahu-----, banyak hujan salah musim)
Akeh randha nglairake anak. (banyak janda melahirkan anak :means berarti beranak tanpa suami:)
Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne. (banyak bayi mencari bapaknya)
Agama akeh sing nantang prikamanungsan saya ilang. (agama ditantang, perikemanusiaan makin hilang)
Omah suci dibenci, omah ala saya dipuja. (banyak yang meninggalkan jarang mengunjungi rumah ibadah, dan malah berada di tempat maksiat)
Wong wadon lacur ing ngendi-endi. (p*lacur di mana2)
Akeh laknat akeh pengkianat. (banyak laknat, banyak pengkhianat)
Anak mangan bapak. Sedulur mangan sedulur. Kanca dadi mungsuh.
Guru disatru. Tangga padha curiga. Kana-kene saya angkara murka.
Sing weruh kebubuhan. Sing ora weruh ketutuh.
Besuk yen ana peperangan, teka saka wetan, kulon, kidul lan lor. (besok ada peperangan yang datangnya dari timur, barat, selatan, utara)
Akeh wong becik saya sengsara. (orang2 baik semakin sengsara)
Wong jahat saya seneng. (orang jahat semakin bahagia)
Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul. (--skip--)
Wong salah dianggep bener. (orang salah dibilang benar)
Pengkhianat nikmat. Durjana saya sempurna.
Wong jahat munggah pangkat. Wong lugu kebelenggu. Wong mulya dikunjara.
Sing curang garang. Sing jujur kojur.
Pedagang akeh sing keplarang. Wong main akeh sing ndadi.
Akeh barang haram. Akeh anak haram.
Wong wadon nglamar wong lanang. Wong lanang ngasorake drajate dhewe.
Akeh barang-barang mlebu luang. Akeh wong kaliren lan wuda.
Wong tuku ngglenik sing dodol. Sing dodol akal okol.
Wong golek pangan kaya gabah diinteri.
Sing kebat kliwat. Sing telah sambat. Sing gedhe kesasar.
Sing cilik kepleset. Sing anggak ketunggak. Sing wedi mati. Sing nekat mbrekat.
Sing jerih ketindhih. Sing ngawur makmur. Sing ngati-ati ngrintih.
Sing ngedan keduman. Sing waras nggagas. Wong tani ditaleni. Wong dora ura-ura.
Ratu ora netepi janji, musna panguwasane. (Pemimpin tidak memenuhi janji, hilang kekuasaannya)
Bupati dadi rakyat. Wong cilik dadi priyayi.
Sing mendele dadi gedhe.
Sing jujur kojur.
Akeh omah ing ndhuwur jaran.
Wong mangan wong.
Anak lali bapak.
Wong tuwa lali tuwane.
Pedagang adol barang saya laris.
Bandhane saya ludhes.
Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan. (orang mati kelaparan di samping makanan :indonesia banyak sawah, kaya SDA, tapi masih aja ada orang yang mati kelaparan:)
Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara. (banyak orang berharta, tapi hidupnya masih sengsara)
Sing edan bisa dandan.
Sing bengkong bisa nggalang gedhong.
Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil. (orang yang waras dan adil tapi hidupnya justru terkucil :orang yang waras malah dianggap nggak waras / aneh:)
Ana peperangan ing njero.
Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham.
Durjana saya ngambra-ambra.
Penjahat saya tambah.
Wong apik saya sengsara.
Akeh wong mati jalaran saka peperangan.
Kebingungan lan kobongan.
Wong bener saya thenger-thenger.
Wong salah saya bungah-bungah.
Akeh bandha musna ora karuan lungane. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe
Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram.
Bejane sing lali, bejane sing eling.
Nanging sauntung-untunge sing lali. Isih untung sing waspada.
Angkara murka saya ndadi. Kana-kene saya bingung.
Pedagang akeh alangane. Akeh buruh nantang juragan.
Juragan dadi umpan. Sing suwarane seru oleh pengaruh.
Wong pinter diingar-ingar. Wong ala diuja.
Wong ngerti mangan ati. Bandha dadi memala.
Pangkat dadi pemikat. Sing sawenang-wenang rumangsa menang.
Sing ngalah rumangsa kabeh salah.
Ana Bupati saka wong sing asor imane. Patihe kepala judhi.
Wong sing atine suci dibenci. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat.
Pemerasan saya ndadra. Maling lungguh wetenge mblenduk.
Pitik angrem saduwure pikulan. Maling wani nantang sing duwe omah.
Begal pada ndhugal. Rampok padha keplok-keplok.
Wong momong mitenah sing diemong. Wong jaga nyolong sing dijaga.
Wong njamin njaluk dijamin. Akeh wong mendem donga.
Kana-kene rebutan unggul. Angkara murka ngombro-ombro.
Agama ditantang. Akeh wong angkara murka. Nggedhekake duraka.
Ukum agama dilanggar. Prikamanungsan di-iles-iles. Kasusilan ditinggal.
Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi.
Wong cilik akeh sing kepencil. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil.
Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit. Lan duwe prajurit.
Negarane ambane saprawolon. Tukang mangan suap saya ndadra.
Wong jahat ditampa. Wong suci dibenci.
Timah dianggep perak. Emas diarani tembaga. Dandang dikandakake kuntul.
Wong dosa sentosa. Wong cilik disalahake.
Wong nganggur kesungkur. Wong sregep krungkep.
Wong nyengit kesengit. Buruh mangluh.
Wong sugih krasa wedi. Wong wedi dadi priyayi.
Senenge wong jahat. Susahe wong cilik.
Akeh wong dakwa dinakwa. Tindake manungsa saya kuciwa.
Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi.
Hore! Hore!
Wong Jawa kari separo. Landa-Cina kari sejodho.
Akeh wong ijir, akeh wong cethil.
Sing eman ora keduman. Sing keduman ora eman.
Akeh wong mbambung. Akeh wong limbung.
Selot-selote mbesuk wolak-waliking jaman teka.

Be edited again soon. . . =D

0 komentar:

Posting Komentar


up